Selasa, 18 Agustus 2015

Asal Usul Desa German – Sugio – Lamongan(Jawa)

Desa German panggone ing Kecamatan Sugio,Kabupaten Lamongan,panggone desa German niku wetane Sugio kurang lueh 3,5 km terus neng arah kulon desa German yoiku daerah seng due lemah seng subur,diewangi karo irigasi seng apik mergone duwe waduk desa ,waduk German iso di iseni teko waduk Gondang yen banyune wes sat penduduk’e neng  desa German iso panen peng 3 ing dalem waktu setahun.Penduduk desa German saitik akeh’e gede masyarakate bermutu sakbendinane tani,makane pertanian yoiku andalane pendapatan penduduk ing desa German. Cerito teko cikal bakal desa German diawiti ing onone Kyai Hasyim sing panggone teko Sedayu Lawes,yoiku panggone ing Kecamatan Berondong,yoiku daerah pantura.Kyai Hasyim sing panggone teko Sedayu Lawes ngeleh ing panggon Sugio,yoiku ing desa German,durung termasuk wong seng due ilmu agomo sing dadi pemimpin,ing waktu iku durung mulai ngadek’ake pondok cilik lan nerimo santri terutomo penduduk asli,poro santri di ulangi kanggo njerok’ake agomo islam,suwe tambah sue santrine terus nambah akhire diajak ngedek’ake masjid,masjid jamii German termasuk masjid suiji ing desa German.
Cerito Kyai Hasyim wes sedo,lan ilmune iku mau diwarisno neng santri  seng wes njaluk ilmu teko salah sijine santri seng akhire dadi Kyai seng ngganteni  Kyai Hasyim yoiku Kyai Thoha,sing oleh wong German diarani dadi wong Kyai German seng pertama,saiki kuburane Kyai Hasyim isih ono ing mburine masjid,wong-wong yo podo isih dungo lan njaluk berkah ing kuburan iku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar